Sukses

Cek Fakta: Disukani Banyu Keran, Alat Swab Antigen Covid-19 Positif, Cek Faktae

Teng video juga wonten ajakan kangge boten pareng dites swab antigen asale isie pembohongan satpam ingkang nyoba nglebetaken toya keran teng tes swab antigen

Liputan6.com, Cirebon - Beredar teng media sosial postingan video alat tes swab antigen ingkang disukani toya keran hasile positif covid-19. Video niku rame dibagiaken kawit pekan wingi.

Salah siji akun ingkang bagiaken yaiku namine Sahril Al Hamid. Deweke ngunggah teng Facebook pada 26 Juli 2021. Teng video berdurasi 1 menit 29 detik niku wonten satpam ingkang nyoba nglebetaken toya keran teng tes swab antigen.

Sesampune ditunggu hasile positif. Selain niku teng video onten ajakan kangge boten pareng dites swab antigen asale isie pembohongan.

Akun niku  nambahaken narasi "toya keran positif corona" Terus leres boten video alat tes swab antigen positif covid-19 sesampune disukani toya keran?

Penelusuran Fakta

Cek Fakta Liputan6.com nelusuri sareng nyuwun penjelasan saking dr. RA Adaninggar, SpPD. Dokter niku nyebutaken video niku gawe kesimpulan ingkang boten leres.

"Setiap alat ugi alat swab antigen gadah instruksi cara pemakaiane. Upami pemeriksaan dilakoni boten sesuai instruksi tentu mawon hasile boten valid," ujare pas dihubungi Cek Fakta Liputan6.com, Rabu (28/7/2021).

"Khusus kangge tes antigen, kita pemeriksaane didesain kangge meriksaaken antigen SARS Cov2 saking spesimen swab nasofaring. Tes niki juga dilakoni tenaga profesional utawi terlatih, karena upami boten hasile juga boten valid," ujare nambahaken.

"Intie upami sampel ingkang dilebetaken dudu hasil swab nasofaring, maka membran nitroselulosa ingkang berfungsi sebagai kertas deteksi bakal rusak sehingga hasile saged positif palsu utawi boten valid."

Cek Fakta Liputan6.com ugi gadah klarifikasi terkait video niku saking Kementerian Kesehatan. Klairifikasi niki disampeaken saking website Kominfo.go.id pada 27 Juli 2021.

"Sedanten alat tes swab antigen ingkang gadah izin edar resmi teng Indonesia pasti ngelewati uji validasi saking Balitbangkes lan dievaluasi tiap 3 bulan. Sesuai persyaratan WHO, alat swab antigen ingkang direkomendasiaken yaiku ingkang gadahi sensitivitas 80 persen utawi luwih lan spesifitas 97 persen utawi luwih," ujare.

Teng video niki boten jelas alat ingkang digunaaken alat apa. Upami bener alat swab antigen apakah memang alat niku termasuk merk ingkang sampun gadah izin edar resmi saking pemerintah. Asale pemeriksaan alat niki kedah nggunaaken larutan penyangga (buffer) sareng pH tertentu, lan upami digantiaken sareng toya keran, wonten perbedaan pH lan ion sehingga hasile saged salah.

"Jadi, ngelakoni hasil pemeriksaan ingkang boten sesuai sareng instruksi lan dilakoni dudu sareng ahlie maka hasile bakal salah, karena alate dadi rusak. Hasil ingkang terlihat positif boten saged diartiaken positif ingkang sesunggue," jarene.

Sumber:

https://www.kominfo.go.id/content/detail/36011/hoaks-video- satpam-uji-coba-air-keran-dengan-alat-swab-antigen-dan-hasilnya-positif/0/laporan_isu_hoaks

Artikel dalam bahasa daerah Cirebon ini bagian dari program Liputan6.com melawan hoaks. 

Saksikan video pilihan berikut ini

* Follow Official WhatsApp Channel Liputan6.com untuk mendapatkan berita-berita terkini dengan mengklik tautan ini.

2 dari 3 halaman

Kesimpulan

Postingan video alat tes swab antigen positif sesampune disukani toya keran yaiku boten leres. Faktae alat swab antigen bakal rusak upami digunaaken boten sesuai instruksi. Hasil ingkang tertera dadi boten valid.

3 dari 3 halaman

Tentang Cek Fakta Liputan6.com

Ngelaawan hoaks sami mawon ngelawan pembodohan. Niku ingkang ndasari Gawe Kanal Cek Fakta Liputan6.com pada 2018 lan sampe saniki aktif Nyukani literasi media kangge masyarakat luas.

Awit 2 Juli 2018, Cek Fakta Liputan6.com gabung sareng International Fact Checking Network (IFCN) lan dados patner Facebook. Kami juga bagian saking inisiatif cekfakta.com.

Kerja sama sareng pihak sejene, boten pengaruhi independensi kami.

Lamun sampean gadah informasi seputar hoaks ingkang bade ditelusuri lan verifikasi, mangga saged nyampeaken teng email cekfakta.liputan6@kly.id.

Ingin lebih cepat mendapat jawaban? Hubungi Chatbot WhatsApp Liputan6 Cek Fakta di 0811-9787-670 atau klik tautan berikut ini.

* Fakta atau Hoaks? Untuk mengetahui kebenaran informasi yang beredar, silakan WhatsApp ke nomor Cek Fakta Liputan6.com 0811 9787 670 hanya dengan ketik kata kunci yang diinginkan.