Sukses

Kepincut Untung Segunung, Perusahaan Daerah neng Purbalingga Mlirik Nandur Kopi

Apamaning Gunung Malang, Purbalingga sing duwure ngasi 1.500 mdpl pas banget nggo nandur kopi arabika sing dol-dolane moncere pol

Liputan6.com, Purbalingga - Kopi malik dadi banda sing nguntungna kawit kopi dadi gaya hidup. Cafe ngasi tekan warung kopi pating ntletek ora karuan. Potensi kie sing lagi gawe Perumda Puspahastama kepincut.

Kawit kepincut karo untunge, Puspahastama labuh nggatekna babagan pertanian kopi sing ana neng Purbalingga. Daerah sing wis kasil kopi kwalitet unggul contone neng Gunung Malang Desa Serang, Desa Siwarak, lan desa-desa neng Kecamatan Karangjambu.

Nggo penjajagan, Puspahastama labuh sekang ngaweh pelatian nggo petani kopi. Petani dilatih kawit persiapan seurunge produksi tekan bubarane.

Bar ngaweh pelatian, Puspahastama ngaweh sumbangan rongewu bibit kopi nggo petani. Sing sewu nggo petsni kopi Gunung Malang, sing 500 nggo peyani Desa Siwarak, lan 500 bibit kopi arabika nggo Desa Sirandu Kecamatan Karangjambu.

"Bibit kopi detandur neng lemah Perhutani," ujare Direktur Perumda Puspahastama, Sri Wahyuni.

Puspahastama yakin nemen kopi bisa kasil nggo ningkatna pendapatan daerah uga petani. Apamaning Gunung Malang, Purbalingga sing duwure ngasi 1.500 mdpl pas banget nggo nandur kopi arabika sing dol-dolane moncere pol.

 

Simak Video Pilihan Berikut Ini:

* Follow Official WhatsApp Channel Liputan6.com untuk mendapatkan berita-berita terkini dengan mengklik tautan ini.

2 dari 2 halaman

Mulya Sekang Kopi

Etung bae angger sewit bisa woh kopi ngasi 10 kilo, sepisan panen neng pekarangan sing isine sewu wit bisa kasil Rp70 juta.

"Nandur kopi Insya Allah bisa nggawe makmur petani, mergane angger nandure apik panene uga apik," jere Dewas Puspahastama, Tri Daya Kartika.

Tumrape Pjs Bupati Purbalingga Sarwa Pramana, unggal petani sing olih pelatihan bisa nglatih petani liane. Dadi sing pinter ora mung siji utawa loro, ning kabeh. Sarwa uga duwe kekarepan wit kopi sing ditandur kon dijaga lan dirumat sing bener.

"Wit sing ditandur tulung dijaga supayane ora mubah," karepe bupatine.

Wit kopi sing ditandur mau ora mung nguntungna petani, ning uga nggawa manfangat nggo nguri-uri hutan lindung. Mergane seprene esih akeh lemah perhutani sing ditanduri sayuran.

Tanduran sayuran pancen untunge gede, ning gawe kahanan lemah dadi kritis. Nek wis kritis, titiwancine bisa dadi bencana alam kaya erosi, lemah longsor, banjir, ngasi tekan kekeringan.

"Mulane kue enggane lahane gundul, ora ana tandurane babar blas, ya bakal nilem apa bae sing neng ngisore," Sarwa kemecap.

* Fakta atau Hoaks? Untuk mengetahui kebenaran informasi yang beredar, silakan WhatsApp ke nomor Cek Fakta Liputan6.com 0811 9787 670 hanya dengan ketik kata kunci yang diinginkan.